Sabtu, 01 Desember 2012

Tulodho Pranoto Adicoro Ing Upocoro Khitanan



Bismilahirrohmanirrohin
Assalamu’alaikum Wr. Wb

Wonten ngarsanipun Panjenengan poro Pepunden, poro pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Panjenenganipun Poro purnokaryo saklebeting projo, ingkang satuhu pantes nampi pakurmatan saking poro kawulo dasih
Panjenenganipun poro pangemban -  pangembating projo, soho poro priyogung  ingkang satuhu  luhuring budi ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Poro pangarsaning agami poro alim ulomo ingkang pantes tinulada dateng kawulo kinasih.
Nun injih, mradopo awis saking keparengipun Bopo .................. sekaliyan garwo,   ing titi kalenggahan piniko, diri pribadi kulo ingkang piniji hambuko wiwaraning suko. pinongko pambiworo ,wonten adicoro Tasyakuran Khitanan atmojo putranipun  Bopo ............... ingkang asesilih Bagus .............., ingkang sampun kalampah pagas kolo wau siang kirang langkung tabuh tigo sonten, wonten ing ……………………………………………….
Namung sakderengipun kulo hangaturaken menggah rantamaning adicoro ingkang ingkang arso kito lampahi sesarengan , langkung rumiyin, sumonggo kito tansah ngaturaken pangalembono miwah panuwun kujuk wonten ngarso-dalem Alloh, ingkang tansah paring barokah soho rahmat dumateng kito sedoyo, sahinggo kito ing ri-kalenggahan puniki, saget makempal mangunggal, lenggah sesandhingan kaliyan Poro pepundhen, poro pinisepuh, dalasan kadang sutrisno kanthi rahayu nir ing sambikolo.
 Panjenengan poro pepunden, poro pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang  ingkang pantes kulo bekteni .

Panjenengan poro kadang sutresno ingkang kinurmatan.
Kepareng kulo hangaturaken menggah urut rantamaning  adicoro ingkang sampun rinakit dening Panawung krido.
Kaping sepisan  Kapurwakan Atur Pambuko
Kaping kalih Pangandikan Pinongko Atur pambagyoharjo.  (Bopo ..............................)
Kaping tigo Pangandikan Wewarah saking Bp. ……………………………………….               
Kaping sekawan  Lelipur ( Hiburan )
Ingkang pungkasan (petutup).
Mekaten poro tamu soho poro lenggah, menggah urut reroncening titi laksito adicoro ingkang tumuli bade kapurwakan.
Panjenengan poro pepunden, poro pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang  ingkang pantes kulo bekteni ,   Panjenengan poro kadang sutresno ingkang kinurmatan.
Pinurwakan, atur pandongo wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng dumadi pinongko pambuko, Pramilo dumateng Jengandiko ingkang ngrasuk agami sak sanesipun agami Islam, pandongo kulo aturaken dumateng Jengandiko, ananging penjengan ingkang ngrasuk agami Islam sumonggo adicoro kito purwakani kanthi maos Basmalah sesarengan.
Tumuli ngancik titilaksito ingkang kaping kalih, Atur pambagyo harjo saking Bopo .........., pramilo dumateng ngarsanipun ..........................,  sasono pangandikan kasumanggakaen.
            (saksampunipun pangandikan atur pambagyo rampung )
Paripurno  pangandikan saking ......……..,  ingkang dipun aturaken penjenengan - ipun  Bopo..................
(Pangadikan ing ngajeng   dipun ambali ngantos dumugi rampung)
( kalarasno kaliyan suwasono ingkang lumampah )

Wonten ngarsanipun panjenegan ingkang tansah sinubo ing kaurmatan .
Titi laksito adicoro Pahargyan dhaupipun putro pinanganten sarimbit sampun kalampahan kanthi rancag datan manggih rubedo setunggal punopo. jalaran pikantuk Ridlaning Alloh. Amien
Namung sakderengipun adicoro puniki kito kapungkasi. Kulo ingkang kapitedhan sinaroyo hanganthi titilaksitaning adicoro, katah atur soho patrap, ingkang mboten ndadosaken renaming penggalih penjenengan, nyuwun rumentahing pangapunten ingkang agung.
Wasono sumonggo adicoro puniki sesarengan kito kapungkasi kanthi maos lafal Khamdalah sesarengan.
Pungkasaning atur Wasalam mu’alaikum Wr.Wb
Maturnuwun !!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar