Sabtu, 01 Desember 2012

Tulodho Pranoto Adicoro Ing pahargyan Manten



Tulodho Pambiwara ing pahargyan manten
Prasojo  (Climen)
Bismilahirrohmanirrohin
Assalamu’alaikum Wr. Wb

Alkhamdulillah .................................................................................................................
 Alkhamdulillah Alkhamdulillahi Robbil ‘alamin............
Mugi tinebihno saking tulak-sarik sarta bebenduning pangeran ingkang moho agung, jalaran kula kumowantun ngadeg wonten ngajeng tuwin iring handika , sarta nggempil kamardikan pangandikan handika sami, kang datan nyuwun idi palilah langkung rumiyin.
Wonten ngarsanipun Panjenengan para Pepunden, para pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Panjenenganipun Para purnakaryo saklebeting praja, ingkang satuhu pantes nampi pakurmatan saking para kawulo dasih
Panjenenganipun para pangemban -  pangembating praja, soho para priyogung  ingkang saestu pononing pamawas tuwin lebdo ing pitutur satuhu  luhuring budi .
Panjenenganipun Para pangarsaning agami para alim ulama ingkang pantes tinulada dateng kawulo kinasih.
Nun injih, mradopo awit saking keparengipun Bapa ..... sekaliyan garwo,   ing titi kalenggahan puniko, diri pribadi kula ingkang piniji hanganthi titi laksito aji ing pahargyan panggihing putra  pinanganten  sarimbit, pinongka pambiwara.  nun-injih sri atmaja putrinipun Bapa . .... (hamengku gati ) ingkang asesilih Nini ....., ingkang sampun kalampah dkadaup atmaja kakungipun Bapa .....( Beasn )  pun Bagus ..... .
Namung sakderengipun kula hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinakit , langkung rumiyin sumangga kita tansah ngaturaken pangalembono miwah panuwun wonten ngarsanipun Alloh, ingkang tansah paring barokah soho rahmat dumateng kita sedaya, sahinggo kita ing rikalenggahan puniki, saget makempal mangunggal lenggah sesandhingan kaliyan Para pepundhen, para pinisepuh, dalasan kadang mitro waruju kanthi rahayu nir ing sambilala.
Mugi kanthi ngaturaken pujo pangalembono miwah panuwun ing ngajeng, kanthi pangajab mugi mugi titilaksita ing ri kalenggahan puniki tansah pinaringan rahayu katebihno saking rubedo.

Wonten ngarsanipun Jengandika ingkang tansah sinubo ing kaurmatan.
Kepareng kula hangaturaken menggah urut reroncening titi laksito adicara ingkang sampun rinakit.
1   Kapurwakan Atur Pambuka
2   Pangandikan Pinangka Atur Pangayubagyo.
     Samangke ingkang arso hamedarsabda Penjenenganipun Bapa .....
3   Pangandikan saking utusan kadang besan
     Dene samangke ingkang bade  hamedarsabda Penjenenganipun Bapa  .....
4.  Panampi
     Penjenenganipun Bapa ..... kepareng hanampi pangandikan saking kadang besan.
5  Pungkasaning Adicara puniki samangke, mbok-bilih sampun wonten   pratondho cetho,    saking keluwarga dalasan Panawung kridho.
Mekaten para tamu soho para lenggah, menggah urut reroncening titi laksito adicara ingkang tumuli bade kapurwakan.
Pinurwakan atur pandonga wonten ngarsa dalem Alloh ingkang Murbeng dumadi pinangka pambuka, Pramilo dumateng Jengandika ingkang ngrasuk agami sak sanesipun agami Islam, pandonga kula aturaken dumateng Jengandika, ananging penjengan ingkang ngrasuk agami Islam sumangga adicara kita purwakani kanthi maos Lafal Basmalah sesarengan.
Mugi-mugi  kanthi donga pambuka sawau ,sageto Mahanani rancaging adicara wiwit purwo dumugi wusananing samangke.

Tumuli ngancik titilaksita ingkang kaping kalih, Atur pambagyo harjo saking Bapa ....., pramilo dumateng ngarsanipun Bapa .....,  sasana pangandikan kasumanggakaen.

            (saksampunipun pangandikan atur pambagyo rampung )

Paripurna  pangandikan saking ……………………………,  ingkang dipun aturaken penjenengan - ipun  Bapa .....
(Pangadikan ing ngajeng   dipun ambali ngantos dumugi rampung)
( kalarasno kaliyan suwasono ingkang lumampah )

( Pangandikan pungkasaning adicara )
Wonten ngarsanipun panjenegan ingkang tansah sinubo ing kaurmatan .
Titi laksito adicara Pahargyan dhaupipun putra pinanganten sarimbit sampun kalampahan kanthi rancag datan manggih rubedo setunggal punopo. jalaran pikantuk Ridlaning Alloh. Amien
Namung sakderengipun adicara puniki kita kapungkasi. Kula ingkang kapitedhan sinaroyo hanganthi titilaksitaning adicara, katah atur soho patrap, ingkang mboten ndadosaken renaming penggalih penjenengan, nyuwun rumentahing pangapunten ingkang agung.
Wasono sumangga adicara puniki sesarengan kita kapungkasi kanthi maos Khamdalah sesarengan.

Pungkasaning atur Wabilahitaufik Walhidayah Wasalam mu’alaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar