Sabtu, 01 Desember 2012

Tulodho Pranoto Adicoro Ing Merti Dusun

Tulodho Pambiwara ing Merti Dusun

Bismilahirrohmanirrohin
Assalamu’alaikum Wr. Wb

Wonten ngarsanipun Panjenengan para Pepunden, para pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Panjenenganipun Para purnakarya saklebeting praja, ingkang satuhu pantes nampi pakurmatan saking para kawula dasih
Panjenenganipun para pangemban - pangembating praja, saha para priyogung  ingkang sampun pana-ing pamawas tuwin lebda ing pitutur sarta luhuring budi, ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Para pangarsaning agami para alim-ulama ingkang pantes tinulada dateng kawula kinasih.
Nun injih, mradapa awis saking keparengipun Tetuangganing panawung krida Merti Dusun,   ing titi kalenggahan pinika, diri pribadi kula ingkang piniji hambuka wiwaraning suka pinangka pambiwara, kinen hanganthi titilaksita adicara kang arsa lumampah.
            Namung sakderengipun kula hangaturaken menggah rantamaning adicara ingkang ingkang arsa kita lampahi sesarengan , langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngaturaken pangalembana miwah panuwun kunjuk wonten ngarsan-dalem Alloh, ingkang tansah paring barokah saha rahmat dumateng kita sedaya, sahingga kita ing ri-kalenggahan puniki, saget makempal mangunggal, lenggah sesandhingan kaliyan Para pepundhen, para pinisepuh, dalasan kadang sutrisna kanthi rahayu nir ing sambilala.
 Panjenengan para pepunden, para pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang  ingkang pantes kula bekteni .
Kepareng kula hangaturaken menggah urut rantamaning  adicara ingkang sampun rinakit dening Panawung krida. 

  • Titi laksita adicara kapisanan  Kapurwakan Atur Pambuka
  • Titi laksita adicara Kaping  2 Pangandikan saking Tetuangganing Panawung Krida
  • Titi laksita adicara Kaping  3 Pangandikan Saking Pemerintah
  • (Kalajengaken Asrah tampi Tokoh ringgit dateng Kidalang.)
  • Titi laksita adicara Kaping  4 Pinuwunan ( Do’a)
  • Titi laksita adicara Kaping  5 Pentas Seni Pedalangan
  • Titi laksita adicara Ingkang pungkasan (petutup).

Mekaten para tamu saha para lenggah, menggah urut reroncening titi laksita adicara ingkang tumuli bade kapurwakan.

Panjenengan para pepunden, para pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang  ingkang pantes kula bekteni ,   Panjenengan para kadang sutresna ingkang kinurmatan.
Pinurwakan, atur pandonga wonten ngarsa dalem Alloh  ingkang Murbeng dumadi pinangka pambuka, Pramila dumateng Jengandika ingkang ngrasuk agami sak-sanes-ipun agami Islam, pandonga kasumanggak-aken Jengandika, ananging penjengan ingkang ngrasuk agami Islam, sumangga adicara kita purwakani, kanthi sesarengan maos Basmalah.Tumuli ngancik titilaksita adi-cara ingkang kaping kalih, Pangandikan saking Tetuangganing Panawung Krida merti dusun, pramilo sasana-ning pamedar-sabda kasumanggak-aken           (saksampunipun pangandikan atur pambagya rampung )
             Paripurna  pangandikan saking Tetuangganing Panawung Krida merti dusun, ingkang dipun wedharsabda-aken penjenengan - ipun ingkang kinurmatan Bapa..........
(Pangadikan ing ngajeng   dipun ambali ngantos dumugi rampung) 
Panjenengan para pepunden, para pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang  ingkang satuhu bagyo  mulya.

Tumuli ngancik titilaksita adi-cara ingkang kaping kalih, Pangandikan saking Pemerintah, pramilo sasana-ning pamedar-sabda kasumanggak-aken Panjenenganipun Bapa ………………………………          

Paripurn pangandikan saking Pemerintah, ingkang dipun Wedarsabda-aken penjenengan - ipun  Bapa ……….....………..
Tumuli ngancik titilaksita adi-cara ingkang kaping sekawan, Suka pari-suka, dumateng kadang ingkang  tinang-genah pramila wekdal kasumanggak-aken           

Kalajengaken adicara
Tulada  Panutuping  adicara

Sinartan atur puja puji pangalembono miwah panuwun konjuk ngarsa-dalem Alloh ingkang murbeng dumadi ingkang moho welas lan maha asih.
Peranganing pepanggihan wonten ing adicara Tasyakuran Merti Dusun ing kalodangan puniki setunggal mbaka setunggal wus kalampah kanthi rancag datan manggih rubeda, awit pikantuk Rahmat saha Barokah saking  ngarsadalem Alloh SWT

Panjenengan para pepunden, para pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang  ingkang satuhu bagyo  mulya.
Namung sakderengipun titi laksita adicara puniki kita kapungkasi. Kula ingkang kapitedhan sinaraya hanganthi titi laksitaning titi laksita adicara ( Pambiwara ), katah atur saha patrap, ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih penjenengan, saestu kanthi andhap asor-ing manah, kula nyuwun rumentahing pangapunten ingkang agung.
Pramila sumangga adicara puniki sesarengan kita kapungkasi kanthi maos  Akhamdulilah  kula derekaken.
Pungkasaning atur  Wasalam mu’alaikum Wr.Wb
Matuw nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar