Sabtu, 01 Desember 2012

Tulodho Pangdicoro ing pepanggihan RT



 Bismilahirrohmanirrohim.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Wonten ngarsanipun, poro pepunden, poro pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang pantes kulo bekteni.
Wonten ngarsanipun, poro kadang sutresno ingkang kinurmatan, nitik wekdal ingkang sampun dumugi wancinipun kados ingkang sampun kapacak ing serat undangan, pramilo sumonggo pepanggihan ing wekdal puniki enggal kawiwitan .
Namung langkung rumiyin kepareng kulo ngaturaken menggah rantamaning adicoro ingkang bade lumampah.
Adicoro ingkang  ongko 1.  Pambuko
Adicoro ingkang  ongko 2.  Pangandikan saking Bpk. RT
Adicoro ingkang  ongko 3.  Pangandikan saking Bpk. Dukuh
Adicoro ingkang  ongko 4.  Pirembagan inti
Adicoro ingkang  ongko 5.  Panutup.
Makaten menggah ramtamaning adicoro ingkang bade kito lampahi sesarengan pramilo, monggo  pepanggihan kito bikak kanthi sesarengan maos Basmalah.
Matur nuwun mugi-mugi kanthi maos basmallah saged ndados-aken rancaging pepanggihan ing wekdal puniki.
Ngancik ( tumapak ) adicoro ingkang ongko kalih, injih puniko Pangandikan saking Bpk. Rt.  Pramilo wekdal kulo atur-aken.
(Sak-sampunipun pangandikan)
Bapak- Bapak tuwin poro kadang sutresno, makaten menggah pangandikan saking Bpk. Rt.  Mugi-mugi penjenengan saged nampi kanthi gamblang.
Ngancik ( tumapak ) adicoro ingkang ongko kalih, injih puniko Pangandikan saking Bpk. Dukuh.  Pramilo wekdal kulo atur-aken.
(Sak-sampunipun pangandikan)
Bapak- Bapak tuwin poro kadang sutresno, makaten menggah pangandikan saking Bpk. Dukuh.  Mugi-mugi penjenengan saged nampi kanthi gamblang.



Panutuping pepanggihan


Bapak – Bapak tuwin poro kadang sutresno ingkang tansah kinurmatan, pepanggihan ing wekdal puniko awit purwo, madyo,  dumugi wusono sampun saget lumampah kanthi  rancag,  sarto saget nuwuhaken woh-ing pirembagan ingkang sae.  Pramilo sumonggo kito ngancik adicoro ingkang pungkasan injh puniko Panutup.  Nanging sakderengipun  katutup mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahing pepanggihan katah klentu soho kirang trep anggen kulo matur, kulo nyuwun pangan punten.
Pramilo sumonggo pepanggihan ing wekdal puniko kito pungkasi, kanthi sesarengan maos Alkhamdulillah.
Akhiring atur, Wassalam mu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar