Sabtu, 01 Desember 2012

Tulodho Pangandikan Atur Pambagyoharjo Ing pahargyan manten





Assalamu’alaikum Wr. Wb


Bismilahirohmanirochim.
Alkhamdulillah Alkhamdulillahi Robbil ‘alamin............
Mugi tinebihna saking tulak-sarik sarta bebenduning pangeran ingkang maha agung, jalaran kula kumowantun ngadeg wonten ngajeng tuwin iring handika , sarta nggempil kamardikan pangandikan handika sami, kang datan nyuwun idi palilah langkung rumiyin.
Nun-injih mradapa awit saking keparengipun Bapa ....... (hamengku gati) ing ri kelenggahan puniki katemben kajugrugan wukirsari linuberan seganten madu prasasat linobong ing manah ingkang dahat suka amarwata suta dene hangawuningani yenta para tamu dalah para pepunden wus kebak ambalabar ngbaki sajroning sasana pawiwahan.
Pramila Panjenenganipun Bapa ...... (hamengku gati) datan kuwawi paring pangandikan, namung kandeg madyaning Jangga, pramila sanadyan namung kanthi samudana panjenenganipun hamiji dateng diri pribadi kula, ingkang supadas hangaturaken babaring sedya wudharing kandha  wigatining pawiwahan ing titi lakenggahan puniki. Namung sakderengipun kala minangkani pamunundutipun Bapa ..... (hamengku gati) langkung rumiyin kula hangaturaken Pangalembana Panuwun miwah panyuwun wonten ngarsa dalem Allah SWT ingka tansah paring nugraha kang agung dateng kita sami, kacihna ing titi kalodangan punika kepareng mbabar daya pangaribawa ingkang agung tumanduk kula jengandika sami, katitik kita sedaya taksih dipun keparengaken hangestreni sedyaning kang hamengku gati  ing papan puniki kanthi kebak raos suka gumbiraning manah.
Pramila kepareng matur wonten ngarsanipun Panjenengan para Pepunden, para pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Panjenenganipun Para purnakarya saklebeting praja, ingkang satuhu pana ing pamawas tuwin lebda ing pitutur ingkang pantes nampi pakurmatan.
Panjenenganipun para pangemban -  pangembating praja, satriya satriyanging nagari saha para priyogung  ingkang satuhu  luhuring budi ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Para pangarsaning agami para alim ulama, ingkang rinten pantaran ratri tansah sumandhing saha hanganggit kitabing wahyu ilahi pinangka keblating panembah Jati ingkang satuhu bagya mulya.
Ingkang sepisan Panjenengan-ipun Bapa.... ingkang binantu sedaya Kulawangsa ngaturaken ageng-ing panuwun dene jengandika sami, sampun kepareng hamiji wekdal, hanglonggaraken penggalih, saperlu minangkani atur sedahan kula, saperlu hanjenengi / Hangestreni  ing adicara panggih-ing putra pinanganten sarimbit samangke. Sarta nyuwun tambhahing donga pangestu jengandika sami,  murih lampahing titi laksita adi cara ing kalenggahan puniki, tansah sembada kang sinedya, nyawiji kang kaesti, jumbuh kang ginayuh satemah rahayu kang tinemu.
Sanggyaning para rawuh ingkang satuhu dahat kinurmatan, Panjenengan-ipun Bapa ....  (hamengku gati) dalah para kadang hamong tamu nyuwun lumunturing sih-pangapunten dateng handika hambok bilih hanggen kula tumanggap dateng rawuh jengandika kirang gupuh ananging mboten ateges sengguh namung jalaran kirang wanuh, sarta hanggen kula ngaturi palengghan kirang trep dateng kalenggahan jengandika, jalaran kirang pana ing pamawas.

Para pinilienggah kang satuhu bagya mulya, Sanadyan sampun kepara randhat Panjenengan-ipun Bapa ....  (hamengku gati) hangaturaken kasugengan awit rawuh jengandika sinartan atur panuwun kang tanpo pepindhan awit paringipun cuilaning bondo handika, pinangka pambiyantu dateng bot repot kula sagotrah, namung mbok bilih panjenenganipun (ingkang hamengku gati) datan kuwawi caos piwales malah kepara tangeh anggenipun badhe caos piwales dateng jengandika, pramila namung sumarah dateng ngarsa dalem Alloh mugi mugi sumbangsih jengandika linebetna amal jariah, lan kalintoni Ganjaran rizeki ingkang sakelangkung sembada saking ngarsa dalem Alloh SWT.

Sanggyaning para rawuh ingkang satuhu dahat kinurmatan
Sanajan pahargyan puniki sampun karancang tebih sak-derengipun, sarta ka titi kanthi permati, ewodene taksih kathah kekirangan-ipun sahingga damel cuwaning penggalih jengandika sami, pramila panjenenganipun Bapa .... (hamengku gati) nyuwun pangapunten ingkang tanpa pepindhan.
Pahargyan prasaja menika tangeh kelampahanipun menawi datan binantu saking sedaya sanak kadang, tangga tepalih Panawung kridha , ingkang sampun paring iguh pertikel dateng lumampahing pahargyan pukini, pramila datan wonten atur ingkang pantes kula aturaken kejawi Atur panuwun ingkang tanpa upami dateng jengandika. Mugi mugi amal soleh handika, pinaringan lelintu ganjaran nugraha ingkang langkung sebada saking ngarsa dalem Allah SWT.

Para pinilienggah kang satuhu bagya mulya, Panjengeanipun Bapa........... (hamengku gati) ing titi kalenggahan piniki kepareng hangrakit sekar cempaka mulya pinangka sarana, hanggenya ngentas pitulus, mahargya suta hamiwaha siwi putra pinanganten sarimbit, nun-injih Putra pawestri-nipun Bapa..... (hamengku gati) nun-injih Nimas ..... ( asma manten putri ) kaliyan putra panjalunipun Bapa ..... (besan) ingkang gagah dedeg piyadege, sigit pasuryane dasar alus laku jantrane, nun injih Bagus ....( asma manten putra ).
Sanggyaning para rawuh ingkang satuhu dahat kinurmatan, Pamundhut-ipun kadang besan sutresna dinten kang wus kawuri, kinen hangijabaken ingkang putra pun bagus ....( manten kakung ) kaliyan anak kula pun Genduk ayu (manten putri) sampun saged kula pinangkani, dene ijab sampun kelampah kula tindaka-aken ing ari-kalenggahan punika, wanci tabuh ...... wonten ing papan mriki, kanthi satataning, agami, budaya lan satataning pemerintah, nun-injih awit saking ridlaning Allah SWT, sarta tambahing donga pangestu jengandika sami, saged kaleksanan kanthi rahayu tebih sakir sambikala.
Pramila kanthi punika panjenenganipun Bapa..... (hamengku gati) kepingin hangaturaken cihnaning raos bingah-ing manah dateng jengandika sami, kanthi ngaturaken pasegahan ingkang awujud pasugatan unjukan sarta daharan ingkang sarwi perasaja. lumados ing ngarsa jengandika sami, hananging panjenenganipun Bapa..... (hamengku gati) kanthi andhap asorning manah nyuwun pangapunten dene samangke pasegahan kula datan miraos, injukan kang kirang manis jalaran kirang juruh, sarta daharan kang kirang miraos jalaran kirang lawuh. Sarta lumadosing kirang iguh, namung gungan kula kepareng icalno raos jiguh lan pekewuh.
Lan samangke mbok bilih wiwahan panggih ing titi kalodangan puniki wus pari purna, tumuli handika arsa jengkar saking papan palenggahan tumuli kundur, mugi – mugi tindak jengandika tansah pinayungan rahayu, tebih saking sambikala, satemah manggih rahayu salami-laminya.
Pinangka pungkasaning atur, kasuwun jengandika sami tetepa lelenggahan kanthi sekeca, ngantos dumugi purnaning pawiwahan panggih samangke.
Kula ingkang sampun kepareng matur, pinongka gantosing raga sinambeting atur panjenengan-ipun ingkang hamnengku gati, kepanggih kirang wijang anggen kula matur, nun-injih jalaran kiranging seserepan kula babagan reh-ing basa, sastra, ukara, malah kepara nalisir saking angger-angger lan paugeran basa jawi kang sanyata adiluhung, kanthi andhap asoring manah  nyuwun agunging pangapunten dateng jengandika sami.
Wasana pungkasaning atur Wabilahi Taufiq wal hidayah Wasalamu’alaikum Wr.Wb.
wekdal kula aturaken dateng kadang pambiwara Nuwun.

2 komentar:

  1. sampun dangu kawula angupadi wedaran kados ing blog punika, matur swun lan nyuwun ijin copy paste atur ing nginggil.

    BalasHapus
  2. bilih handiko kesdu atur kang kaserat ing nginggil kasumanggakaken namung kulo nyuwun pitedah handiko kangge ndadosaken seratan kulo langkung sae maturnuwun

    BalasHapus