Sabtu, 01 Desember 2012

Tulodho aturipun Pangdicoro Ing pabudaling layon


Bismilahirrohmanirrohim.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Wonten ngarsanipun, Panjenengan poro pepunden, poro pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang  ingkang pantes kulo bekteni.
Panjenenganipun poro pangemban pangembating projo, ing ingkang satuhu luhuring budi   ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Poro rawuh tuwin kadang sutresno ingkang asung belo sungkowo ingkang kinurmatan.
Nun-injih, Nuhoni awit saking  keparengipun, Bopo ………….  Tuwin sedoyo keluargo, ing kalodangan Puniko kulo ingkang piniji ngaturaken ratamaning adicoro, pinongko pambiworo, wonten adicoro pambudaling layon, Almarhum /mah …………………….
Namung sakderengipun kulo hangaturaken urut menggah reroncening adicoro, ingkang sampun rinakit . langkung rumiyin sumonggo kito tansah ngaturaken Pangalembono miwah panuwun kunjuk wonten ngarsadalem  Alloh SAW,  ingkang tansah paring barokah soho rahmat dumateng kito sedoyo, sahinggo ing  kalodangan kito  puniko saget makempal mangunggal ing papan mriki kanthi rahayu nir ing sambikolo.
            Poro rawuh sedaya pambelo sungkowo ingkang kinurmatan.
Kepareng kulo hangaturaken menggah rantamaning adicoro pambudaling layon ing wekdal meniko.
Adicoro ingkang ongko 1 pambuko
Adicoro ingkang ongko 2 atur pabagyoharjo saking keluargo
Adicoro ingkang ongko 3 atur panglipur saking ………………….
Adicoro ingkang ongko 4 utawi pungkasan, paripurnaning adicoro pratondho  yekti bidaling layon
Poro pambelo sungkowo ingkang satuhu dahat kinurmatan
Minongko pambukaning upocoro, sumonggo kulo penjenengan sami ndongo wonten ngarsanipun Alloh SWT.,  kanthi maos sesarengan maos Basmalah.
Matur nuwun.

Ndungkap adicoro ingkang ongko kalih injih puniko atur pabagyoharjo yuwono saking keluargo. Pramilo wekdal kulo aturaken Bpk.
Maturnu wukulo aturaken Bpk………………………………………….
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo injih puniko atur panglipur, pramilo wekdal kulo aturaken Bpk. ……………….
Ndungkap adi coro ingkang ongko sekawan pabudaling layon.
Namung sakderengipun wekdal kulo aturaken panjenenganipun Bpk. …………………..
Mbok bilih anggen kulo ngayahi jejibahan, katah atur soho patrap ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih,  mawantu wantu kulo nyuwun agunging pangapunten.  Pramilo monggo adicoro kito pungkasi kanti maos khamdalah sesarengan.
Wekdal kulo aturaken panjenenganipun Bpk.  ………………………….sakcekapipun.
Maturnuwun Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar