Sabtu, 01 Desember 2012

Pamedarsabdo Panglamaring Wanito lan Pasrah Sarono Jangkebing salaki rabi



  1. Tulada Sabdatama Panglamaring Wanita lan Pasrah Sarana Jangkebing salaki rabi


Bismilahirrohmanirrohim                                              
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alkhamdulillah .....................
Mugi tinebihna saking tulak-sarik sarta bebenduning pangeran ingkang maha agung, jalaran kula kumowantun ngadeg wonten ngajeng tuwin iring handika , sarta nggempil kamardikan pangandikan handika sami, kang datan nyuwun idi palilah langkung rumiyin.
Nun-injih mradapa awit saking keparengipun Bapa ............ diri pribadi kula ingkang kapitedhan sinaraya ngaturaken menggah gatining pisowan kula sagotrah, namung sakderengipun kula ngaturaken gatining sowan kula, sumangga Jengandika sami kula derekaen hangaturaken puji pangalembana panyuwun miwah panuwun wonten ngarsa dalem Alloh, ingkang tansah paring Rohmat, Hidayah, sarta Inayah-ipun, sahingga kepareng mbabar daya pangaribawa  ingkang agung tumanduk dateng kita sami, kacihna ing ri-kalenggahan punika, kita taksih dipun keparengaken kempal manunggal, bandhol krompol ing papapn mriki, sami wawan pangandikan kaliyan para pepundhen dalah kadang mitra waruju kanthi  kebak ing raos kabingahan .
Nun-injih pramila kepareng matur :
Wonten ngarsanipun Panjenengan para Pepunden, para pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Panjenenganipun Para purnakarya saklebeting praja, ingkang satuhu pantes nampi pakurmatan saking para kawula dasih, ingkang satuhu dahat kinabekten.
Panjenenganipun para pangemban - pangembating praja, saha para priyogung  ingkang sampun pana-ing pamawas tuwin lebda ing pitutur sarta luhuring budi, ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Para pangarsaning agami para alim-ulama ingkang rinten pantaran ratri tansah sumanding kitabing wahyu Illahi pinangka keblating panembah jati, ingkang sinudarsana.

Duk-ing uni,  wonten titahing Alloh ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang samia apagut tingal, tempuking pandulu catur netro, sahingga kepareng mbabar daya pangaribawa ingkang rumasuk ing sanubari, tumuli tuwuh raos tresna antawis kekalihipun.
Nun-injih kang jalu kang apeparap bagus ............... atmaja panjalunipun Bapa .................., dene kang pawestri asesilih pun dyah ayu .............. atmaja putrinipun Bapa ....., sahingga wonten paribasan Anak Polah Bapa Pradhah.

Nun-injih dinten kang wus kawuri panjenengan-ipun Bapa ..........  wus kepareng Sowan ngarsanipun Bapa ..............., sanadyan paribasan  Lampah ndodok, ndodog kori, nginang jambe suruhe, arsa metik sekar kang endah ingkang tuwuh ing taman mriki.



Golong gilig manah kekalih-ipun antawis Bapa ....... dalah Bapa ....., sahingga kepingin hangraketaken balung apisah daging arenggang, kanthi bebesanan.
Pramila sowan kula sagotrah kinanthen rembag sarta sarana  pinangka jangkebing salaki rabi.
1.Kula sak gotrah kepareng nderek silaturrochim wonten ing keluwarga mriki.
      Bapa ..... ngaturaken pangabekti mugi           katur wonten ngarsanipun   para                     pinisepuh dalasan pepundhen.
2.Bapa ..... ngaturaken salam taklim   kanthi atur Assalamualaikum Wr.Wb.

Dene kanthenipun ingkang kedah kula aturaken awujud
1.Piranti panembah jati ( Seperangkat alat sholat )
2.Pisang raja satangkep pinangka sanggan
3.Ayam jalu kang wus umur pinangka bombongan
4.Sinjang sak suwek pinangka pesing kagem pun eyang.
5.Sangsangan, Giwang sakceplik, binggel, kalpika, sanajan manung gatra.
6.Piranti ngadi Busana
7. Piranti ngadi sarira
8.Bebingah dateng ingkang Kadang Werdo (Pelangkah)
9.Bebantu kagem cecawis pasegahan, ingkang awujud, Wos raja lele, Wos ketos sakjimpit, brambang bawang sak siung, sarem sak jimpit, gendis jawi sak cuil, lsp.
10.  Angsal – angsal
11.  Redana

Sanggyaning Pinilenggah ingkang dahat Bagya mulya, Panjenenganipun Bapa ..... anggadahi gungan, supados putranipun kang asesilih Bagus .....  ka-ijabna kaliyan putri jengandika ingkang asesilih Genduk ayu ..... kanti satata agami Islam, sarta meterat satataning tatacara lan budaya kang lumampah ing tlatah mriki.

Panjenengaipun pini lenggah ingkang satuhu dahat kinabekten, mbok bilih samangke wus wonten pratandha kang cetha bilih titilaksita adicara ing titi kalodangan puniki pari purna, pramila kula sak-gotrah tumuli nyuwun pamit, nyuwun tambahing donga pangestu murih lampah kula samangke tansah winantu ing suka basuki tebih saking rubeda satemah kalis  ing sambilala.

Wasana kula ingkang kapitedhan sinaraya matur wonteh ngarsa jengandika sami, kepanggih lepat anggen kula matur, saha kirang subositaning patrap kula anggen kula jumejer ing papan mriki, ka-penggalih kirang nuju prana, kula nyadhong lumunturing-sih pangapunten saking jengandika sami.
Pungkasaning atur kula Wasalamu’alaikum Wr. Wb.
Wekdal saha sasana wicara kula aturaken dateng kadang pambiwara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar