Sabtu, 01 Desember 2012

Condro Rengganing papaning pahargyan lan pinanganten





  • Candra Rengganing papaning pahargyan lan
    upacara panggih
    Wonten ngarsanipun Panjenengan para Pepunden, para pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
    Panjenenganipun Para purnakarya saklebeting praja, ingkang satuhu pantes nampi pakurmatan saking para kawula dasih
    Panjenenganipun para pangemban - pangembating praja, saha para priyogung satriyaning nagari ingkang sampun pana-ing pamawas tuwin lebda ing pitutur sarta luhuring budi, ingkang dahat kinurmatan.
    Panjenenganipun Para pangarsaning agami para alim-ulama ingkang satuhu bagya mulya.
                   Nun-injih panjenengaipun Ingkang hamengku gati ing ri kalenggahan puniki prasasat linobong ing manah ingkang dahat suko amarwata suta, dene hangawuningani yento papaning pahargyan kang tinata kanthi edi-endah milangoni apindha papaning pisowanan ageng, kang tinata dining  para kadang panawuing krida.
                Injih awit saking korining dusun Jadan mriki wus kawistara Rontek  miwah  Umbul – umbul. Paring pratanda kumlebeting rontek miwah umbul – umbul kang katiuping maruta manda, pinda asung  pambagyaharja dateng rawuh-ipun sagung para tamu ingkang satuhu bagya mulya.
                 Dumugi sak ngajenging Wiwaraning pahargyan, jroning sanubari ngungun dene hangawuningani yenta eden-eden ingkang pinangka wiwaraning pahargyan karakit saking PraadapĂ  mancawarna ingkang tinunggulan dining roning wandira ( Ron = godong Wandira = waringin ) sarta  2-janjang klapa gading, 2- tandan pisang raja,  adeg adeg deling ampel dalah tebu apus sajodo, roning kluwih, suket alang alang, sarta gegodhongan sanesipun, yekti  katon asri yen dinulu.
                  Lajeng menapa werdinipun roning wandiro kapacak  ing korining wiwara,  Ngrembuyunging godhong ringin asung pralambang  bilih hanggennya mbangun balai wisma samangke, kanti pangajab mugi sagetdta pinangka dados pangayomaning kulawongsa, pindha ayoming roning wandira.
                 2 tandan ( jajnjang ) klapa Gading kapasang ing korining pahargyan, Mujudaken  satunggaling panyuwunan dateng ingkang  kunjuk ngarsaning Alloh, kanthi pangajab putra pinanganten sarimbit enggala pinaringan  gegaduhan pracima ingkang saged tata jalmoa(momongan) ingkang kathah kadya kathahing klapa gading kang kapacak ing korining wiwara.
               2 Tundun pisang raja ugi kapacak ing korining pawiwahan, mugi mugi putra pinanganten sarimbit tansah hanungkulaken  mustaka tumuli nyadong astane kekalih,  tansah  emut sedaya perkawis ingkang dumados ing ngalam donyo, nemahi dateng putra pinanganten sarimbit menika awit saking kersanipun Alloh, pramila namung tansaho nyuwun lan  dedepe wonten ngarsaning Alloh,  sarta nyadong pitedahipun.
    Tumuli adeg adeg deling ampel saha tebu apus sak-jodo, werdinipun mugi mugi putra pinananganten sarimbit jejeg Iman-ipun, saga tansah emut dateng Alloh SWT, pinangka Sesembahanipun, sahingga lepat saking Guna, sengkala, tuwin Tulak sarik sesami gesang, satemah saged mbagun balai wisma kanthi rahayu nir ing sambekala donya dumugining delahan. ( sakinah mawadah Warohmah )
                Gumelaring babut permadani ingkang dipun sebari sekar manca warni, nuwuhaken  aruming swasana,  sarta wus pinajang daparing kanarendran pinangka lenggahipun pinanganten sarimbit , ing kanan saha kiring-ipun damparing kanarendran ugi pinajang papan palengghanipun para pepundhen, kang wus kuwawi minisuda atmaja kekalih.


  •     Download Condro Rengganing Papaning Pahargyan

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar