Selasa, 18 Desember 2012

Tulodho Pangandikan Pasrahing Temanten


Tuladha Pangandikan Pasrahing Temanten

Bismilahirrohmanirrohim                                              
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alkhamdulillah ................... Mugi tinebihna saking tulak-sarik sarta bebenduning pangeran ingkang maha agung, jalaran kuloakumowantun ngadeg wonten ngajeng tuwin iring handika , sarta nggempil kamardikan pangandikan handika sami, kang datan nyuwun idi palilah langkung rumiyin.
Nun-injih mradapa awit saking keparengipun bapa ingkang hamangku gati, diri pribadi kula ingkang kapitedhan sinaraya ngaturaken menggah gatining pisowan kula sagotrah, namung sakderengipun kula ngaturaken gatining sowan kula, sumangga handika sami kula derekaen hangaturaken puji pangalembana panyuwun miwah panuwun wonten ngarsa dalem Alloh, ingkang tansah paring Rohmat, Hidayah, sarta Inayah-ipun, sahingga kepareng mbabar daya pangaribawa ingkang agung tumanduk dateng kita sami, kacihna ing ri-kalenggahan punika, kita taksih dipun keparengaken kempal manunggal, bandhol krompol ing papapn mriki, sami wawan pangandikan kaliyan para pepundhen dalah kadang mitra waruju kanthi  kebak ing raos kabingahan .
Nun-injih pramila kepareng matur :
Wonten ngarsanipun Panjenengan para Pepunden, para pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Panjenenganipun Para purnokarya saklebeting praja, ingkang satuhu pantes nampi pakurmatan saking para kawula dasih, ingkang satuhu dahat kinabekten.
Panjenenganipun para pangemban - pangembating praja, saha para priyogung  ingkang sampun pana-ing pamawas tuwin lebda ing pitutur sarta luhuring budi, ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Psra pangarsaning agami poro alim-ulama ingkang rinten pantaran ratri tansah sumanding kitabing wahyu Illahi pinangka keblating panembah jati, ingkang sinudarsana.

·         Sepisan Panjenenganipun Bapa .....  nyuwun idi palilah nderek silaturochim wonten keluwarga ageng Bapa..... kanthi pangajab supados anggen kita kekadangan tansaya raket.
·         Kaping kalih Panjenenganipun Bapa..... hangaturaken sungkem pangabekti, mugi katur wonten ngarsa handika para Pepunden, para pinisepuh, tuwin ingkang sesepuh.
·         Kaping tiga Panjenenganipun Bapa..... ngaturaken salam taklim mugi katir dateng poro kadang werdha mudha, kanthi atur Assalamu’alaikum waroh matullohi wabarokatuh.
·         Panjenenganipun Bapa ..... ing dinten kang wus kawuri, sampun kanthi sembada minangkani pamundutipun Bapa.....ngijabaken (malakramakaken) putro pinanganten sarimbit kanthi satata agami islam, nuninjih awit saking tambahing donga pangestu  jengandika sami, ijab kobul saged tumindak kanthi rancak tebih nir-ing sambikala
·         Rehning wus jangkep setunggal peken laminipun anggennya mangun brayan, pramila ing titi kalodangan minika kepareng kula pasrahaken putra pinanganten sarimbit dumateng Bapa.....



Namung rehning putra pinanganten sarimbit dereng nggadahi seserepan babagan sesrawungan wonten madyaning masyarakat agung, pramila kula pasrahaken sumongga anggenipun nggulo-wenthah putra sarimbit, dateng Bapa.....
Lan mbok bilih putra sarimbit samangke kesdu cumondhok wonten gubug kula, sakamat kamat, badhe kula paringi seserepan babagan, gesang bebrayan ing madyanig masyarakat agung.

Panjenenganipun para pangemban - pangembating praja, saha para priyogung  ingkang sampun pana-ing pamawas tuwin lebda ing pitutur sarta luhuring budi. Makaten menggah wigatosing sowan kula sak gotrah wonten ngarsanipun Bapa ….. , namung mbok bilih anggen kula ngaturaken kepanggih kirang wijang, malah kepara lepat, saha tebih saking paugeraning basa jawi kang sayekti adi luhung, karana kiranging seserepan kula babagan  basa lan sastra jawi, saestu kuloanyuwun lumunturing sih  pangapunten saking jengandika sami.
Lan mbok bilih samangke wus wonten pratandha kang cetha, bilih adicara  Asrah tampi ing ri kalenggahan puniki wus pari purno, kula sagotrah tumuli nyuwun pamit, namung gungan kula mugi mugi jengandika sami kersa paring tabahing donga panestu supados lampah kula samangke tansah winantu ing karahayon, tebih saking sambikala.
Wasana pungkasaning atur Wabilahi taufiq wal hidayah  Wasalamu’alaikum Wr Wb.
Nuwun.

Minggu, 09 Desember 2012

Purwakaning atur


Bismillahirrohmanirrokhim
Asalammu’alaikum Wr.Wb


Puji kelawan Syukur kunjuk ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi awit paringipun Rochmat sarta hidayah dateng kita, sahingga kita tansah saget ngraosaken kesarasan sarta kabingahan sarta umur panjang ingkang miggunani.
Pramila kesinggihan kita menika mapan ing tlatah tanah jawi, langkung  langkung kita ingkang ngakeni bilih tanah jawi mujudaken wutah rah kita, ateges kita hanggadahi satunggaling kewajiban kangge nguri uri kabudayan jawi ingkang sakyekti adiluhung, supados datan kalindes dening kabudayan sanes, langkung langkung kabudayan saking manca negari, sahingga kabudayan kita ingkang sayekti adiluhung menika malah kepara dipun kiwak-aken.
Wonten ing mriki kepareng kula nderek cawe-cawe sanadyan bobot-ipun pindha lebu ingkang miber, namung mugi mugi saget migunani dateng kula pribadi, tangga tepalih, langkung langkung dateng para kadang ingkang kepareng maos seratan menika.
Pramila seratan menika mligi kula tujokaken dateng para muda tuwin para kadang ( pemula ) inkang adreng sinau basa  jawi.
Nun-injih kawruh menika pramila anggen kulo jum-jum saking mapinten pinten sumber, saking buku buku, saking pasrawungan, saking kawontenan, lan saking othak-athik gathuk. Pramila estunipin dereng pantes manawi seratan menika kula aturaken dateng para kadang, pinangka lelandesaning ngudi kawruh babagan basa jawi. Namung karana kadereng saking kahanan ingkang tansaya dangu tansaya ical kabudayan jawi mliginipun basa jawi.
Namung perlu caos pemut dateng para kadang, hambok bilih samangke penjenengan sapun saget, utawi kepara  wasis, sampun kaget menawi dados kengkenan-ipun tiyang katah, jalaran kagunan kabudayan basa jawi jangkep menika, ing titi wekdal menika sampun angel  anggenipun madosi ( langka ).
Para kadang ingkang kinurmatan, sumangga kita sareng sareng ngudi kawruh, mliginipun babagan basa jawi ingkang tansaya surem sunaripun.
Namung semanten purwakanig atur kula mugi mugi sanajan datan wonten bobot-ipun saged migunani dateng pesrawungan kita ing madyaning masyarakat agung.

Senin, 03 Desember 2012

Coro lan urutan ngagem busono kejawen.


Tulodo ngagem busana jawi / Surjan / Beskab
Lan duwung

Cecawis ngagem busana kejawen gagrag ngayojakarta / surjan / beskab / duwung

Ingkang kedah dipun cawisaken.



  1. Sinjang kang wus diwiru
  2. Setagen
  3. Sabuk
  4. Epek
  5. Beskab
  6. Duwung
  7. .  Ceneka

Caranipun ngagem sinjang :
Sinjang ingkang sampun dipun wiru, pucuk wiron dipun cepeng asta tengen, tumuli asta kiring nyepeng pucuk sinjang ingkang mboten dipun wiru ( pengasih ) dipun tekuk sekedik supados mboten ketingal sleretipun.
Pengasih dipun ubetaken manengen dumugi pupu tengen sisih wingking, pengasih dipun geret minggah sekedik supados mboten melet.
Puncuk sinjang ingkang wiron dipun ubetaken mangiwa dumugi tengah tengah, sinjang kedah dipun tata supados sinjang ing ngandap ketingal rata ( sami andap inggilipun ) sinjang kedah saged nutupi kemiri. Menawi sampun ketingal rapi, saged dipun sabuki langkung rumiyin si pados mboten jebol.

Caranipun ngagem stagen :
Stagen langkung rumiyin dipun gulung,  tumuli kawiwitan dipun ubetaken saking ngandap minggah saking  tengen mangiwo, menawi sampun kalih ubetan sinjang dipun tekuk mengandap lajeng dipun mawi ubetan  stagen ngantos rampung.

Caranipun ngagem sabuk :
Saksampunipun ngagem stagen rampung tumuli ngagem sabuk, langkung rumiyin dipun gulung, kanthi cara dipun walik lumah kurebe, tumuli kawiwitan dipun ubetaken saking nginggil mangandap ,sakng kiwa manengen kanthi let (jarak) ingkang sami, telas telasan sabuk kedah dawah wonten kiring ngajeng ( dipun kancing mawi peniti )

Caranipuin ngagem epek :
Timang dipun pas-aken ing tengah tengah ( pas wiron sinjang ) wondene lerep dawah sisih kiwa pinangka kancing, menawi epekipun kepanjangen saged dipun tekuk dipun pas-aken kaliyan lerepipun.

Caranipun ngagem Beskab lan selop (Cenela)
Ngagem beskab lan selop  caranipun gampil sanget dados mboten perlu keterangan.

Caranipun ngagem iket :
Legokan iket ing ngajeng kedah pas ing tengah tengah antawisipun imba (alis) utawi kedah setunggal garis kaliyan pucuking grana , ingkang wingking dipun penet supados trep. (rikma ing palarapan sampun ngantos ketingal)

Caranipun ngagem Duwung (keris)
Duwung ingkang pendokipun wonten ukiran wonten sisih njawi, lajeng dipun lebetaken sabuk sab tiga saking nglebet, tumuli dipun dhoyongaken manengen.


Kawruh Babagan Ngadi Sariro lan Ngadi Busono


Kawruh Babagan Ngadi Sarira lan Ngadi Busana
A.  Pengageman
Rehning jeman sakmenika Jamanipun jaman kang wus Moderen, sampun katah tiyang ingkang ngginak-aken ageman cara-cara ingkang mboten treb kaliyan kahanan, malah jepara tiru-tiru pengageming tiyang manca negari ( Turis Asing ) ingkang tebih kaliyan kabudayan jawi ingkang sayekti adiluhung, ( kabudayan jawi menika mboten kok kedah ngagem surjan, beskap, bebet, sinjang, lsp ) namung ingkang dipun tengenaken injih menika babagan ajining diri kang metu saka ageman ingkang dipun agem.
Ageman makaten estunipun saget kaperang  dados kalih (2)
1. Perangan ageman wonten ing swasana          gumbira, kaperang dados 2

  1.      Resepsi lan parepatan agung
  2.  Ageman ing swasana resepsi utawi ing parepatan gung kedah saged nedahaken swasana kang sumringah. ( nggatosaken etika lan sopan santun )
  3.       Rekreasi
  4.   Ageman sarwa sigrak, sandal, sepatu santai, datan ngagem sesatya ( perhiasan )
  5.  Perangan ageman wonten ing swasana sedih.
  6.   Ageman wonten ing swasana sedih kedah ngagem ageman ingkang sarwa kalem, mboten kedah warni cemeng ugi mboten perlu ngagem sesotya ( perhiasan )
  7.     Trap-trapaning Pengageman kejawen.
  8.    Beskap Landung (surjan)
  9.  Pengageman kejawen padintenan (dulu) namung saget dipun agem ing prastawa ingkang mboten resmi, kadosta : Midodareni, siraman, supitan, tanggap warsa, saresehan lsp.
  10.       Beskap kanthi latar sanes cemeng.
  11.   Ageman kejawan jangkep, ngagem  duwung gayaman, dipun agem wonten ing adicara, kadosta : Lamaran, Asrah tampi srah srahan, Ijab.
  12.    Beskap kanthi latar cemeng.
  13.   Ageman kejawen jangkep ngagem duwung ladrang dipun agem wonten ing adicara resmi / resepsi
Pengagem-ipun ingkang Hamengku gati mantu 
(Kakung) Ngagem kejawen jangkep, duwung ladrang, nyamping truntum, sabuk sindur ( manunggaling priya lan wanita )
 ( Ibu ) Ngagem sinjang sami kaliyan ingkang kakung,sabuk sindur, ukel bangun tulak.

Mligi kagem pambiwara ( MC )
Mligi kagem para kadang pambiwara, mboten wonten pathokanipun (ancer 2 ) babagan ageman. Namung sumangga menawi penjenengan, madeg pinangka pambiwara (MC) kaselarasna kaliyan kahanan ingkang bade dumados.