Senin, 29 Februari 2016

Upacara kacar kucur - sungkeman

kacar kucur
Temanten Sawusnya dumugi ing sasana rinengga.
Risang pinanganten sarimbit wus dumugi damparing kanarendran, tumuli lenggah anggana raras. Ingkang juru sumbaga tumuli maringaken sindur dateng pinanganten putri, temanten kakung wus ngasta tilam lampus klasa bangka, kang isi guna karya wohing pakarti ingkang awujud wohing damen wos ketos, otek, jagung, dele, kacang ijo, sekar triwarna, sarta arta receh. Tumuli di pun sok wonten pangkoning ingkang garwa, mijiling kacar kucur winastan sri kitri dononjati.
Asung pralampita bilih sedaya guna kaya wohing pakarti ingkang kakung kedah pun paringaken dateng ingkang garwa.
Pinanganten putri hanampi kanthi bingahing manah, kanthi setiti, permati lan ngati ati, datan wonten ingkang marebel sekedhik kewala, tumuli kabundheli tali wangsul sedya ka haturakeng mring pepundenira.

Dhahar klinah/sekul punar
Paripirna nggenya nindakaen upacara kacar kucur tumuli ingkang kekalih lenggah ing dampar rinengga, ingkang juru sumbaga wung paring sasmita murih enggal nindakaken upacara dhahar klimah sekul punar.
Temanten kakung wung ngepel 3 kepel tumuli kadulangaken gegantilaning ati, raos mongkok lan marem dene ngawuningani naggenipun dahar ingkang garwa.

Dhahar asung pralampita lumebet ing sanubari dene klimah pangandikan, ateges pinaganten sarimbit samangke saged nampi pangandikan saking garwa dalah poro winasis, pinangka sanguning gesang bebrayan.

Paripurna dahar klimah tumuli kalajengaken ngunjuk toya wening, asung pralampita sedaya perkawis kang dumadi tansah kapenghalih kanthi wening penggalih dalah menbing kalbu, satemah namung manggih hayu, hayom, lan hangayemi. Atut runtut ngantos dumugi kaki laki lan nini nini.

  • Pinanganten kakung wus jumeneng sarta hangracut duwung  tumuli risang pinanganten sarimbit gya ngabiyantara mring pepundhenira, tumuli jengku konjem permanem ing pepadanira ingkang C dalah ibu. Kang datan wonten pangandikan kang kawijiling lesan gejawi hanamung.

          Rama Ibu kang luhur ing budi
          Ingkang hangukir jiwa lan raga
          Kang agung pangorbananeee  
         Paring pituduh luhur
          Rino wengi tansah hangesti
          Mrih rahayuning putra
          Lulus kang ginanyuh
          Sadaya ribet rubeda
         Linambaran kanthi sabaring panggalih
        Tuhu pantes sinembah

    Lajeng menapa werdinipun sungkem dateng rama ibu.
    Sungkem marang ibu, supados emut bilih keng ibu kang kuwawa pinangka papaning yoga broto kang dangunipun nowa (9) candra (bulan)dasa (10)ari, sarta hangleliting, hanggulowenthah awit kalaning timur dumugining akhir dewasa.
    Sungkem marang Bapa supados emut bilih kang sampun kanthi gagah perkasa, hangukir jiwo lan raga kanthi kebak raos tresna asih kang sejati, sarta mulang wuruk, sahinggo dumugining akhir dewasa saged dados putra kang sholeh dalah sholehah.
    Sarta nyuwun tambahing donga pangestu mring pepundhen supados saged mbagun bale wismo kang sakinah.
    Mbokbilih wonten adicara tumplak punjen tumuli dipun tindakaken ( upacara tumplak punjen mekaten dipun wontenaken menawi kagungan gati mantu kang pungkasan )
    Paripurnaning upacara adat, sumangga kita sami tumapak ing rantamaning titilaksita ............................
  •     Download Condro Rengganing Papaning Pahargyan

Minggu, 28 Februari 2016

Upacara wiji dadi


Paripurna risang pinanganten sarimbit hanggennya upacara panggih tumuli sumonggo kito pratitisaken upacara wiji dadi.

Risang pinanganten sarimbit sawuanya nindkaken upacara panggih, tumuli mrepegi pasangan kang linambaran pisang raja, tumuli tinapak ing pada asung pralampita bilih ingkang garwa wus pinesti dadi pasanganira, Tumuli kekalihipun hamrepegi bokor kencana kang isi toya wening sarta sekar tri warna sekar mawar, mlati, miwah kanthil. Sarta tigan ayam tembehan.
Ingkang juru sumbaga kanthi trengginas hamundut tigan saking sak lebeting bokor kecana, tumuli kapetegaken dateng palarapanipun pinanganten sarimbit, asung pralampita bilih kekalihipun wus golong gilig arsa mbagun brayan kang sakinah mawadah warohmah.
Paripurno kapetegaken tigan ayam tumuli tinapak ing pada pecah sanalika, pinanganten putri nuli jengku pinda konjem permanem ing batala sarwi sumembah ming kakungira. Arso hamijiki sampyanipun ingkang garwa, asung pralampito hangicali salwiring sukerto kang mapan wonten hanggane ingkang kakung. Satemah hamung hayu hayem lan hangayomi.
Paripurno risang pinanganten sarimbit hanggennya nindakaken upacara wiji dadi, tumuli jumangkah kanti kekanthen asto, pindha datan ginggang sarikma pinarasasra
Tumuju dampar rinengga.

Pahargyan prasaja

Wus dumugi titi wanci panggihing pinanganten sarimbit, nuninjih Nimas ayu Mentari Suko Lestari atmajanipun bapa Praja Dewanta, kalian bagus Jaka Murih Basuki atmajanipun bapa Sumarman.

Wus sawega lan samekta tata titi wigati, saha pirantining panggih pramila sumamangga panggihing putra pinanganten tumuli katindakaken.
Awit saking keparengipun ingkang hamengku gati pangihing putra pinaganten samengke kepareng hangagem upacara adat jawi gagrak ngayojokarto hadiningrat, non injih ingkang mujudaken kabudayan luhur ing nuswantara.
Dumateng panjenengaipun juru sumbaga sumangga enggal ka pratitisaken, 

Binarung swaraning gangsa kang munnio hangrangin, ingkang hamababar lancaran bindri, sakala ana ganda arum mebaki sajroning sasana pawiwahan, nulya kawistara cumlorot ana teja hangenguwung mawa praba tuhu pinika tejaning risang pinangantem sarimbit, ingkang mijil saking panti busana gya kinanthi manjing damparing kanarendran
Dasar hanyardula lupa tindake, riak anggajah goling lembahane merak kasimping, hangagem busana paes ageng gagrak ngayojokarto hadiningrat, sarta jejamang makuta ingkang jumbuh kalian pangrasuking agami suci ( nun injih agami islam )

Wus dumugi wahyanimg mangsa kala dumawahing kodrat saking penguaosing gusti kang murbeng dumadi, kawistoro ana titahing gusti kang asipat jalu tanapi wanito, ingkang jalu pun bagus Jaka Murih Basuki atmaja bp. Sumarman dene kamg pawestri pun genduk Mentari amrih lestari atmaja putri  Projo Dewanto. Kang sumedya hanetepi jejering agesang ngancik ing alam madya, sarta hangleluri budaya luhur  ing nuswantara.

Tempuking pandulu catur netra andayani daya pangaribawa tumanduk dateng risang pinanganten sarimbit. Sakala temanten kakung kumlawe astani sari hambalang gantal mring temanten putri, prastawa gati punika kang winastan gondang kasih, datan saranta pinanganten putri datan kuwawa ngampah lungiting asmara tumuli hambalang gantal mring temanten kakung prastawa gati punika kang winastan gondang kasih.

Lajeng punapa wujudipun gantal kang kinarya bebalangan pinanganten sarimbit, pranyata dumadi saking sedah kang lininting tinangsulan lawe wenang sarta kapilih suruh kang matemu rose, ingkang ngemi werdi sinandi.
Suruh yen dinulu beda lumah lawan kurebe nanging yen ginigit padha rasane, asung pralampita sanajan kang sajuga jejering priya kang sawiji jejring putri nanging yen wus manunggal cipto roso wiwah karsane tertamtu dadi jatu kramane.



Selasa, 29 Januari 2013

dandang gulo


 
Dandang Gulo Podosih


  •   Pamintaku nimas sido asih
  •   Atut runtul tansah reruntungan
  •   Ing sarino sawengineee
  •   Datan ginggang sarambut
  •   Lamun adih caketing ati
  •   Yen cedak tansah mulat
  •   Sido asih tuhuuu
  •   Pindo mimi lan mintuno
  •   Ayo nimas bareng hanetebi wajib
  •   Sido asih bebrayan 
  •   Poro tamu kakung miwah putri
  •   Keparengo kulo atur pambagyo
  •   Mring handiko sedayaneee
  •   Hanggennyo hadiko rahuh
  •   Myang gati kulo puniki
  •   Nadyan kanthi prasojo
  •   Ngaturke rahayuuu
  •   Mugyo tansah tuk raharjo
  •   Sarto jinampang kang gawe urip
  •   Awit lillah Padukooo
  •   Romo Ibu kang luhur ing budi
  •   Ingkang hangukir jiwo lan rogo
  •   Kang agung pangorbananeee
  •   Paring pituduh luhur
  •   Rino wengi tansah hangesti
  •   Mrih rahayuning putro
  •   Lulus kang ginanyuh
  •   Sadoyo ribet rubedo
  •   Linambaran kanthi sabaring panggalih
  •   Tuhu pantes sinembah
  • Duh wong ayu pepujaning ati
  •  Koyo ngene yen nandang asmoro
  •  Opo mung aku deweee
  •  Datan ginggang sarambut
  •  Welasono awak-ku iki
  •  Mugyo biso kelakon
  •  Nyanding kenyo ayuuu
  •  Mugyo gusti paring palilah
  •  Ayo nimas netebi wajibing urip
  •  Manembah kang kawoso
  •  
  •   Romo ibu kang luhurung budi
  •   Ingkang tansah paring dongo lan pitedah
  •   Ing sarino sawengineee
  •   Ayo mabangun miturut
  •   Pituduh kang kang sayekti aji
  •   Kanggo urip bebrayan
  •   Slami laminipuuun
  •   Pindo mimi lan mintuno
  •   Tansah eling myangkang gawe urip
  •   Ngaji kelawan sholat
Sanadyan namung sarwo bloko kulo nyerat sinau boso jawi meniko, mligi kagem poro pamirso kang nedheng sinau boso jawi, pramilo amrih langkung sae lan sempurno Mugi jengandiko sagung pamirso, Kepareng paring pitedah dateng kulo, mligininpun hanggen kulo Nganggit seratan puniko. Nuwun

Selasa, 18 Desember 2012

Tulodho Pangandikan Pasrahing Temanten


Tuladha Pangandikan Pasrahing Temanten

Bismilahirrohmanirrohim                                              
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alkhamdulillah ................... Mugi tinebihna saking tulak-sarik sarta bebenduning pangeran ingkang maha agung, jalaran kuloakumowantun ngadeg wonten ngajeng tuwin iring handika , sarta nggempil kamardikan pangandikan handika sami, kang datan nyuwun idi palilah langkung rumiyin.
Nun-injih mradapa awit saking keparengipun bapa ingkang hamangku gati, diri pribadi kula ingkang kapitedhan sinaraya ngaturaken menggah gatining pisowan kula sagotrah, namung sakderengipun kula ngaturaken gatining sowan kula, sumangga handika sami kula derekaen hangaturaken puji pangalembana panyuwun miwah panuwun wonten ngarsa dalem Alloh, ingkang tansah paring Rohmat, Hidayah, sarta Inayah-ipun, sahingga kepareng mbabar daya pangaribawa ingkang agung tumanduk dateng kita sami, kacihna ing ri-kalenggahan punika, kita taksih dipun keparengaken kempal manunggal, bandhol krompol ing papapn mriki, sami wawan pangandikan kaliyan para pepundhen dalah kadang mitra waruju kanthi  kebak ing raos kabingahan .
Nun-injih pramila kepareng matur :
Wonten ngarsanipun Panjenengan para Pepunden, para pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Panjenenganipun Para purnokarya saklebeting praja, ingkang satuhu pantes nampi pakurmatan saking para kawula dasih, ingkang satuhu dahat kinabekten.
Panjenenganipun para pangemban - pangembating praja, saha para priyogung  ingkang sampun pana-ing pamawas tuwin lebda ing pitutur sarta luhuring budi, ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Psra pangarsaning agami poro alim-ulama ingkang rinten pantaran ratri tansah sumanding kitabing wahyu Illahi pinangka keblating panembah jati, ingkang sinudarsana.

·         Sepisan Panjenenganipun Bapa .....  nyuwun idi palilah nderek silaturochim wonten keluwarga ageng Bapa..... kanthi pangajab supados anggen kita kekadangan tansaya raket.
·         Kaping kalih Panjenenganipun Bapa..... hangaturaken sungkem pangabekti, mugi katur wonten ngarsa handika para Pepunden, para pinisepuh, tuwin ingkang sesepuh.
·         Kaping tiga Panjenenganipun Bapa..... ngaturaken salam taklim mugi katir dateng poro kadang werdha mudha, kanthi atur Assalamu’alaikum waroh matullohi wabarokatuh.
·         Panjenenganipun Bapa ..... ing dinten kang wus kawuri, sampun kanthi sembada minangkani pamundutipun Bapa.....ngijabaken (malakramakaken) putro pinanganten sarimbit kanthi satata agami islam, nuninjih awit saking tambahing donga pangestu  jengandika sami, ijab kobul saged tumindak kanthi rancak tebih nir-ing sambikala
·         Rehning wus jangkep setunggal peken laminipun anggennya mangun brayan, pramila ing titi kalodangan minika kepareng kula pasrahaken putra pinanganten sarimbit dumateng Bapa.....



Namung rehning putra pinanganten sarimbit dereng nggadahi seserepan babagan sesrawungan wonten madyaning masyarakat agung, pramila kula pasrahaken sumongga anggenipun nggulo-wenthah putra sarimbit, dateng Bapa.....
Lan mbok bilih putra sarimbit samangke kesdu cumondhok wonten gubug kula, sakamat kamat, badhe kula paringi seserepan babagan, gesang bebrayan ing madyanig masyarakat agung.

Panjenenganipun para pangemban - pangembating praja, saha para priyogung  ingkang sampun pana-ing pamawas tuwin lebda ing pitutur sarta luhuring budi. Makaten menggah wigatosing sowan kula sak gotrah wonten ngarsanipun Bapa ….. , namung mbok bilih anggen kula ngaturaken kepanggih kirang wijang, malah kepara lepat, saha tebih saking paugeraning basa jawi kang sayekti adi luhung, karana kiranging seserepan kula babagan  basa lan sastra jawi, saestu kuloanyuwun lumunturing sih  pangapunten saking jengandika sami.
Lan mbok bilih samangke wus wonten pratandha kang cetha, bilih adicara  Asrah tampi ing ri kalenggahan puniki wus pari purno, kula sagotrah tumuli nyuwun pamit, namung gungan kula mugi mugi jengandika sami kersa paring tabahing donga panestu supados lampah kula samangke tansah winantu ing karahayon, tebih saking sambikala.
Wasana pungkasaning atur Wabilahi taufiq wal hidayah  Wasalamu’alaikum Wr Wb.
Nuwun.

Minggu, 09 Desember 2012

Purwakaning atur


Bismillahirrohmanirrokhim
Asalammu’alaikum Wr.Wb


Puji kelawan Syukur kunjuk ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi awit paringipun Rochmat sarta hidayah dateng kita, sahingga kita tansah saget ngraosaken kesarasan sarta kabingahan sarta umur panjang ingkang miggunani.
Pramila kesinggihan kita menika mapan ing tlatah tanah jawi, langkung  langkung kita ingkang ngakeni bilih tanah jawi mujudaken wutah rah kita, ateges kita hanggadahi satunggaling kewajiban kangge nguri uri kabudayan jawi ingkang sakyekti adiluhung, supados datan kalindes dening kabudayan sanes, langkung langkung kabudayan saking manca negari, sahingga kabudayan kita ingkang sayekti adiluhung menika malah kepara dipun kiwak-aken.
Wonten ing mriki kepareng kula nderek cawe-cawe sanadyan bobot-ipun pindha lebu ingkang miber, namung mugi mugi saget migunani dateng kula pribadi, tangga tepalih, langkung langkung dateng para kadang ingkang kepareng maos seratan menika.
Pramila seratan menika mligi kula tujokaken dateng para muda tuwin para kadang ( pemula ) inkang adreng sinau basa  jawi.
Nun-injih kawruh menika pramila anggen kulo jum-jum saking mapinten pinten sumber, saking buku buku, saking pasrawungan, saking kawontenan, lan saking othak-athik gathuk. Pramila estunipin dereng pantes manawi seratan menika kula aturaken dateng para kadang, pinangka lelandesaning ngudi kawruh babagan basa jawi. Namung karana kadereng saking kahanan ingkang tansaya dangu tansaya ical kabudayan jawi mliginipun basa jawi.
Namung perlu caos pemut dateng para kadang, hambok bilih samangke penjenengan sapun saget, utawi kepara  wasis, sampun kaget menawi dados kengkenan-ipun tiyang katah, jalaran kagunan kabudayan basa jawi jangkep menika, ing titi wekdal menika sampun angel  anggenipun madosi ( langka ).
Para kadang ingkang kinurmatan, sumangga kita sareng sareng ngudi kawruh, mliginipun babagan basa jawi ingkang tansaya surem sunaripun.
Namung semanten purwakanig atur kula mugi mugi sanajan datan wonten bobot-ipun saged migunani dateng pesrawungan kita ing madyaning masyarakat agung.

Senin, 03 Desember 2012

Coro lan urutan ngagem busono kejawen.


Tulodo ngagem busana jawi / Surjan / Beskab
Lan duwung

Cecawis ngagem busana kejawen gagrag ngayojakarta / surjan / beskab / duwung

Ingkang kedah dipun cawisaken.



  1. Sinjang kang wus diwiru
  2. Setagen
  3. Sabuk
  4. Epek
  5. Beskab
  6. Duwung
  7. .  Ceneka

Caranipun ngagem sinjang :
Sinjang ingkang sampun dipun wiru, pucuk wiron dipun cepeng asta tengen, tumuli asta kiring nyepeng pucuk sinjang ingkang mboten dipun wiru ( pengasih ) dipun tekuk sekedik supados mboten ketingal sleretipun.
Pengasih dipun ubetaken manengen dumugi pupu tengen sisih wingking, pengasih dipun geret minggah sekedik supados mboten melet.
Puncuk sinjang ingkang wiron dipun ubetaken mangiwa dumugi tengah tengah, sinjang kedah dipun tata supados sinjang ing ngandap ketingal rata ( sami andap inggilipun ) sinjang kedah saged nutupi kemiri. Menawi sampun ketingal rapi, saged dipun sabuki langkung rumiyin si pados mboten jebol.

Caranipun ngagem stagen :
Stagen langkung rumiyin dipun gulung,  tumuli kawiwitan dipun ubetaken saking ngandap minggah saking  tengen mangiwo, menawi sampun kalih ubetan sinjang dipun tekuk mengandap lajeng dipun mawi ubetan  stagen ngantos rampung.

Caranipun ngagem sabuk :
Saksampunipun ngagem stagen rampung tumuli ngagem sabuk, langkung rumiyin dipun gulung, kanthi cara dipun walik lumah kurebe, tumuli kawiwitan dipun ubetaken saking nginggil mangandap ,sakng kiwa manengen kanthi let (jarak) ingkang sami, telas telasan sabuk kedah dawah wonten kiring ngajeng ( dipun kancing mawi peniti )

Caranipuin ngagem epek :
Timang dipun pas-aken ing tengah tengah ( pas wiron sinjang ) wondene lerep dawah sisih kiwa pinangka kancing, menawi epekipun kepanjangen saged dipun tekuk dipun pas-aken kaliyan lerepipun.

Caranipun ngagem Beskab lan selop (Cenela)
Ngagem beskab lan selop  caranipun gampil sanget dados mboten perlu keterangan.

Caranipun ngagem iket :
Legokan iket ing ngajeng kedah pas ing tengah tengah antawisipun imba (alis) utawi kedah setunggal garis kaliyan pucuking grana , ingkang wingking dipun penet supados trep. (rikma ing palarapan sampun ngantos ketingal)

Caranipun ngagem Duwung (keris)
Duwung ingkang pendokipun wonten ukiran wonten sisih njawi, lajeng dipun lebetaken sabuk sab tiga saking nglebet, tumuli dipun dhoyongaken manengen.